Sabtu, 27 September 2014

"Bawang Merah Bawang Putih”


"Bawang Merah Bawang Putih”
Hasil gambar untuk bawang putih bawang merah

* Ing satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun
Bawang Putih. Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados
Bawang Putih tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga
ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang
Merah.
* Dinten enjing
Bawang Putih : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung : Alhamdulillah lumayan.
Bawang Putih : Napa Ibu purun kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung : Nggih anakku ...
Bawang Putih : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken
bubur rumiyin.
Ibu Kandung : Iya sayang ...
* Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun
dados, Bawang Putih teras wonten kamar ibune.
* Wonten kamar
Bawang Putih : Niki bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung : Matur nuwun anakku.
Bawang Putih : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung : Inggih nak, enak tenan.
* Dina sesuke
Bawang Merah : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih : Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.
Bawang Merah : Iya, Ibumu ana?
Bawang Putih : Wonten, niku seg wonten kamar.
Bawang Merah : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih : Nggih, monggo tak terke.
* Tekan wonten kamaripun ibu
Bawang Putih : Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang Merah : Nggih bi ...
Ibu Kandung : Mriki Merah, Putih lenggah
Bawang Merah lan Bawang Putih : Nggih ...
Bawang Merah : Bu, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu
Merah.
Ibu Kandung : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Merah : Nggih bi ...
Bawang Putih : Bu, kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali?
Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung lan Bawang Merah : Wa’alaikum salam
* Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah langsung lunga
ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng
ibune.
Bawang Merah : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan
ngguyu). Akhire mati ...
Bawang Merah : hahahaha ...
Ibu Tiri : Ngko tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing
bener kowe loh!
Bawang Merah : Sip bu ....
* Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali
Bawang Putih : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (meng
kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih
bu .. Bawang Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja
ing luar kota.
* Ing telfon
Bawang Putih : Pak .. Bapak cepet wangsul
Bapak : Wonten napa sih Bawang Putih?
Bawang Putih : Niku pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak : Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang Putih : Wa’alaikum salam ...
* Bapakipun Pawang Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak : Putih, ibu pundi?
Bawang Putih : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.
Ibu Tiri : Putih, kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Merah lan Ibu Tiri : (nangis)
* Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang
Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.
Bapak : Putih, sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip
sing rukun ya kaliyan Bawang Merah?
Bawang Putih : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun
anggep mba Bawang Merah dados mba’e Putih.
Bawang Merah : Iya rayiku ...
* Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih
nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa
Bawang Putih.
Bawang Putih : Yuk mba, kito masak sareng-sareng!
Bawang Merah : Hah, ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak,
nggawe tanganku kotor bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang
Putih).
* Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise
masakipun dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.
Ibu Tiri : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna
panganan meng rai Bawang Putih).
* Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.
Bapak : Assalamu’alaikum ...
* Ibu tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.
Ibu Tiri : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih : Nggih bu ...
Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak : Ana apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu Tiri : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang
ati-ati. Ya kan Bawang Putih?
Bawang Putih : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...
Ibu Tiri : Bapak purun didamelaken kopi?
Bapak : Nggih bu ...
* Ibu nggawe kopi
Ibu Tiri : Niki pak kopinipun.
Bapak : Matur nuwun bu.
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane
mukur nyante- nyante tok.
Bapak : Ya wis, mangke Bawang Putih tak omongi.
* Bapak nemoni Bawang Putih
Bapak : Putih, mriki kandani
Bawang Putih : Napa pak?
Bapak : Jere ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya
kerjaane nek ra ana Bapak?
Bawang Putih : (mukur meneng)
Bapak : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih : (mukur temungkul karo nangis)
Bapak : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan
teras tiba).
Bawang Putih : Bapak ... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh gawa Bapak meng kamar?
* Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen.
ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya
biasane terke obat marang bapak.
* Wonten kamaripun bapak
Bawang Putih : Pak, niki kula mbetoaken obat.
Bapak : Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih : Nggih pak ...
* Sakwise ngumbe obatipun, bapak kejang-kejang.
Bawang Putih : Pak, Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...
Bawang Merah lan Ibu Tiri : Bapak, Bapak kenging napa?
Ibu Tiri : Putih, kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).
*Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan
kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang Merah.
* Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel
Bawang Merah : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing
bersih, ora ana sing ngumbaih apa bu?
Ibu Tiri : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu Tiri : Ndi ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor kabeh, klambine
ibu ya kotor kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih
kon ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
* Bawang Putih teka
Bawang Putih : Nggih bu, wonten napa?
Ibu Tiri : Suwe tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang Merah : Ra duwe kuping mbok bu ...
Bawang Putih : Anu bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu Tiri : Alaaah.... alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh,
ora ana sing bisa dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng
Bawang Putih).
Bawang Merah : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing
wangi, ra kesuen!
* Bawang Putih njiot klambine lan langsung lunga meng kali, tekan neng kali
Bawang Putih ngumbaih klambine Bawang Merah kalih nembang.
Bawang Putih : Jejel nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak
nelangsa kiye (selendange kendang).
Pangeran : (ngrungokna suara Bawang Putih nembang, tercengang lan
meneng ngrungokake). Wah suarane merdu tenan... sapa ya iku?
* Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang Putih : Ibu ....
Ibu Kandung : Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak
kowe bakal nemuake kebungahan.
* Ujug-ujug bayangan iku lunga
Bawang Putih : Aneh, iku mesti mukur angen-angenku tok (karo
nggelengna sirah). Ahh, aku kudu cepet-cepet bali.
Pangeran : (nemokake selendang nang kali). Iki mesti selendang wong
sing nembang mau. Aku kudu mbalekna.
* Nalika Baang Putih nglewati hutan, Bawang Putih ketemu seorang peri.
Peri : Cah ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu,
nek kowe kepengin nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko meng
ujung kali neng hutan iki ....
Bawang Putih : Tenanan peri?
Peri : Ngandelo, kowe bakalan nemu
*kebungahan (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang Putih : Peri .... (langsung bali meng umah).
* Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan ibu
tiri.
Bawang Merah : Ihhh .... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku
ndi? kowe nyolong ya?
Ibu Tiri : Bawang Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong?
kowe kirangan gombal ya, ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin
ngerti, kowe kudu mbalekna selendang iku!
Bawang Putih : Anu bu, selendangipun kendang kegawa banyu.
Ibu Tiri : Alesan, wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh.
Pokoke ibu geleme selendang iku mbalek.
Bawang Merah : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu Tiri : Wis nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.
* Bawang Putih meng kamar lan nangis ngantek klalen turu
* Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune
Ibu Kandung : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?
Bawang Putih : Mboten napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandung : Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
* Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes turune karo ngomong
Bawang Putih : Neng ndi kebungahan iku bu?
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Putih ....
Bawang Putih : Napa bu .... (njekel sapu)
Ibu Tiri : Wis beres-beres umah runga? Diresik!
Bawang Putih : Niki seg nyapu bu.
Ibu Tiri : Ya wis, sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing
ilang! Cepetan. ora usah lelet, kaya keong bae.
Bawang Putih : Nggih bu ....
* Bawang Putih meng kali nggoleti selendang iku
Pangeran : Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang Putih : Nggih, niki selendangku ingkang ical.
Pangeran : Sapa asmamu cah ayu?
Bawang Putih : Bawang Putih, Pangeran.
Pangeran : Bawang Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.
Bawang Putih : Tenanan ...
Pangeran : Tenanan, aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.
Bawang Putih : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran : Nggih, kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.
* Bawang Putih lan Pangeran meng umah. Tekan umah ....
Ibu Tiri : Bawang Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang Merah : Ndi selendangku?
Bawang Putih : Iki mba ...
Pangeran : Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.
Bawang Merah : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang Putih : Nanging mba .......
Bawang Merah : Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu Tiri : Iya, enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep
ngurus umah kiye maning?
Pangeran : Wis-wis, kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon
neng istanaku.
Bawang Putih : Tenanan? Matur nuwun Pangeranku.
Pangeran : Iya Bawang Putih ...
*Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.

0 komentar:

Posting Komentar